Sawijining dina ing njero alas, ana singa sing lagi penak-penak turu ing ngisor uwit gedhe. Dumadakan, tikus njedul lan ora sengaja nubruk singa. Singa tangi lan nesu.
Singa : Hauuuuum, sapa sing gugah aku. Bakale dakpangan sapa wae sing wani gugah aku.
Tikus : Aja, singa. Tulung aku aja kokpangan. Yen aku ora kokpangan, sukmben aku bakale menehi pitulungan nalika kowe butuh aku.
Singa : Hahaha. Kewan cilik kaya kowe bisa apa? Piye caramu arep nulungi aku? Singa ngece tikus.
Pungkasane, singa ngeculke tikus. Tikus ngucap panuwun banjur mlayu kanthi seneng. Sorene, singa mlaku-mlaku ing tengah alas. Ora dinyana, singa ngidak perangkap sing dipasang dening pemburu. Awake kejiret jaring lan ketarik ing dhuwur uwit. Singa bengok-bengok jaluk pitulungan. Ananging, ora ana kewan sing wani nulungi. Keprungu singa bengok-bengok, tikus gage-gage mlayu.Dheweke rumangsa kudu nulungi singa amarga uwis tau janji bakale nulungi nalika singa nandhang susah.
Tikus : Singa, aku bali. Aku bakale nulungi kowe kaya janjiku sakdurunge.
Singa : Ananging, kepiye carane kowe arep nulungi aku?
Tikus menek uwit lan nyokoti jaring gunakake untune. Alon-alon, taline wudhar lan sikile singa bisa ucul.
Singa : Matur nuwun tikus, kowe uwis gelem nulungi aku. Aku jaluk ngapura amarga uwis nyepelekne kowe.